14 Jun 2010

Mbah Welas : wong tuwo kang ora kepangan yuswo

Mbah Welas
Wong iki asmane mbah Welas. Nalika jaman isih turu ngomah, wayah mongso pari mentes, wong kui sing gawene nggugah aku. Nggugahe ra trimo pisan pindho, nanging nganti tekan jame cah sekolah istirahat pertama, mbah Welas isih bengak-bengok ono wetan omah.

Saben wayah esuk, mbah Welas nuthuki kenthongan kanggo nggusah manuk ing sawahe. Mokale, sing rumongso digusah ora gur manuk, nanging ugo sing duwe2 manuk lan bangsawan (bangsane tangi awan) koyo aku iki. Gelem ra gelem melek subuh kudu mak gregah nyandak banyu banjur dandan mlipit nyandak sepeda motor lungo klipat golek bubur.

Udokorone bocah sekolah bubar istirahat pertama, aku ingak-inguk wetan ngomah menowo isih ono mbah Welas. Yen wis genah ora ono, aku banjur mokal bacutake anggonku turu nganti tekan awan.

Kedadean iku entek tak lakoni kiro-kiro telung sasi kepungkur. Saiki aku wis arang turu ngomah. Melek moto sing tak delok amung komputer. Swara kentongan wis ganti swara bis lan trek gandeng sing pating glodak. Koyo-koyo irama urip ing kuping iki wis karusak dening opo kang kasebut MODERNITAS.

Sedino rong dino mbiyen pancen rasane ngungkuli swara kenthongan lan bengokane mbah Welas. Nanging suwening suwe samsoyo apal lan dadi barang lumrah amarga swara kendaraan tan kendat lan tanpa wayah.

Banjur ngene, aku lagi kroso kapang (kangen) karo swara kenthongan lan bengokane mbah Welas. Mbah Welas wong sepuh kang ora kepangan yuswo. Tansah gemi lan ngugemi opo sing dadi gaweane.

Tumancep janji prasetyaning ati, yen aku bakal turu ngomah meneh. Lan menowo Mbah Welaslekas nggugahi manuk (ku), aku bakal melu tangi gregah kanthi sumringah. Ora sambat maneh, amarga aku wis leno, ora sadar menowo nduwe jam alarm sing seksi tur iso obah-obah turut sawah.

Mugo-mugo, nalika aku wayah bali ngomah, mbah Welas isih sugeng lan gelem nuthuki kenthongan kanggo aku.

Sopo wonge moco tulisan iki kanthi seksama, uwis sakmestine mesam-mesem karo misuh-misuh.

(Nyuwung agenging samodra pangaksami dumatheng Mbah Welas)


Gambar potret ing duwur kui mau kajupuk nganggo kamera modern dening Tunjung Agam Bintoro, tonggo tunggal sekampung.


7 komentar:

mugo2 mbah welas yo mbukak lan moco blogmu iki gus... de'e jarang OL ya?
terakhir aku moco statuse, "Lgy ceBelL cma bUrunG.. merEKa Gag iZa nGerTyin aGkuwh... BenDtchyyyy!!!!" ngono..
aku ra wani ngomen, mung mbatin tok.... opo iki "burung"e agus ya? dikentongi ra rumongso...
biar cuma kentongan sama beliau yg tau...

nek mbah welas neng cedhak omahku nalika aku isih cilik dodolan capjikia alias togel..haha

mbah welas pancen ora perlu kawelasan...
deweke isoh nguwasani ndonya...
(worship) kanggo mbah welas

bang, bang, bang. rumahnya mana to?
kemaren aku nganter ibuku ke rumah temene, pas di sana ketemu mbah2 ky mbah welas itu. pas si mbah lewat, temene ibuku komentar "lah2, mbah welas i awet eram to. wis tuwa ngono ya urung sedho"

@anonim: Mosok mbah welas termasuk bangsa alay?

@Mursid: berarti sakwene pindah nggonku dadi tobat..

@Ciwir: leres mas, nanging kulo curiga mas, mbok menawi asma kumplitipun meniko WELAS ASIH..

@Winda, Yang rumahnya mana siapa? aku apa mbah welas? dua2nya deket sama bulikmu, Bu Ayik.. :p

kui gambare asli tenan etan umah mu rak meL ?

Jaerrrrr.........
Masoookkkkkkkkkkk.....
kulo moco artikel niki bingung
soale mboten sepiro ngertos boso jowo seng njuowowo pol
tp mbuh atiku kok ngguyu lan interest.

Posting Komentar

TERIMAKASIH SUDAH MAMPIR DI BLOG INI. APA YANG ANDA PIKIRKAN SOAL TULISAN SAYA TADI?

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More